8/23/2014

Pengetahuan Bahasa Jawa "Aksara Murda" (Huruf Kapital)

Aksara Murda iku salah siji saka jinise aksara kang ana ing jagading tata tulis Aksara Jawa. Aksara Murda tegese aksara sirah utawa aksara sesirah, ing basa Indonesia diarani huruf kapital. Aksara Murda gunane kanggo pakurmatan, tegese kanggo ngurmati. Sing lumrah aksara murda kanggo nulis jenenge wong lan jeneng apa wae, kalebu pangkat utawa kalungguhan. Tata carane nganggo aksara murda yaiku:
1. Aksara Murda ora kena dadi sesigeging wanda, dadi ora kena dipangku lan ora kena dipasangi.
2. Aksara Murda cukup ditulis saaksara saben satembung, kapilih kang manggon ing ngarep, yen ora ana ya aksara burine, lan sateruse
3. Aksara Murda bisa diwenehi sandhangan
4. Aksara Murda dijangkepi pasangan saengga bisa dadi pasangan.

*Cacahe Aksara Murda ana 8(wolu). nanging, Aksara Murda Nya wis ora lumrah panggonane ing jaman saiki. mula ora salah yen ana sing ngarani aksara murda iku cacahe ana 7(pitu).

7 komentar:

Ihsani Hamidah mengatakan...

Makasih ya

Unknown mengatakan...

Amas"

Nur hidayat mengatakan...

Kenopo nya mboten lumrah ing jaman sak niki?

Unknown mengatakan...

Bahasa jawa kuncara

ptrxx_ mengatakan...

Muach

Unknown mengatakan...

Paham sanged tur nuwun

Unknown mengatakan...

Matur nuwun Mugi dados ngelmu.

Posting Komentar

#salam kenal yaaa... Jangan lupa tinggalkan jejakmu disini.