9/27/2014

Pidato Bahasa Jawa ( Pidhato Basa Jawa )

DEMAM BERDARAH
   Bapak serta Ibu guru ingkang tansah kula hurmati, sedaya kanca - kanca ingkang tansah pinayungan kanugrahane Gusti serta tansah kula tresnani.
   Ingkang sepisan, mangga kita tansah memuji wonten ngarsaning Gusti saha tansah atur syukur dhumateng Gusti ingkang murbeng dumadi, amargi namung saking hidayahipun Gusti kita saget makempal dhateng mriki kanthi sehat wal afiat.
   Kaping kalih, wonten kalodhangan punika kula badhe atur sesuluh dhumateng sedaya siswa ngenani kasarasan. lumantar media punapa kemawon kita sampun nyumurupi bilih bangsa kita ing titi wanci punika nedheng-nedhengipun dipunuji Gusti ingkang Maha Agung arupi lelara ingkang maneka warna jenisipun. wonten antraks, muntaber, cikungunya, polio, flu burung, saha demam berdarah. menawi dipun etang sampun kathah kurban ingkang ketaman, wonten ingkang namung dipun rawat dhateng rumah sakit nanging ugi wonten ingkang ngantos tilar donya.
   Mirunggan ing kalodhangan punika, kula badhe atur priksa mligi bab Demam Berdarah. Lelara punika sampun sumrambah ing pundi kemawon, wiwit padhusunan ngantos tlatah kitha. Kurban jiwa inggih sampun kathah. Pramila saking punika sejatosipun nyegah dumadosing lelara langkung sae tinimbang ngobati. Demam Berdarah ugi saget dipun cegah.Menawi kita saget gumolong, saiyeg saeka kapti nyegah lan mbrasta Demam Berdarah asilipun temtu langkung sae. Kita kedah ngreka daya murih nyamuk Aedes Aegipty boten ngrembaka.
   Cara ingang saget kita tindakaken inggih punika, nguras bak tandhon toya, nutup sedaya barang ingkang saget kaisi toya, saha ngubur sedata barang ingkang saget kangge ngendhog nyamuk. Cara sanesipun inggih punika kanthi cara Fogging utawi pengasapan. Menawi sedaya cara kalawau saget katindakaken dening sedaya warga, temtunipun demam berdarah saget kacegah. menawi keluwarga kita wonteng ingkang nandhang demam berdarah ingkang gejalanipun kawiwitan panas ingkang inggil terus-terusan kasusul timbulipun bintik abrit ing kulit langkung sae enggal dipun bekta dhateng dokter utawi rumah sakit. sebab menawi telat saget nggondhol nyawa.
   Cekap semanten atur kula, mugi-mugi ingkang kula aturaken wonten gina manfaatipun. pungkasanipun atur, sumangga kita tansah muji dhateng ngarsanipun Gusti mugi kita dipun tebihaken saking sedaya ujian kalebet ujian sakit. Menawi wonten tumpang suhipun atur kula nyuwun agunging samudra pangaksami.

0 komentar:

Posting Komentar

#salam kenal yaaa... Jangan lupa tinggalkan jejakmu disini.